Senin, 18 Maret 2019

CONTOH TEKS PRANOTO ADIACORO (MC) dalam BAHASA JAWA


CONTOH PRANOTO ACORO (MC) dalam pengajian atau rutinan jamaah 



ASSALAMUALAIKUM wr. wb
A’udzubillahi minassyaithonirrojim… bismillahirrohmanirrohim... alhamdulillahirobbil ‘alamin… wabihi nasta’in wa ‘ala umuriddunya waddin .. wassholatu wassalamu ‘ala asrofil ambiyai wal mursalin, sayyidina wa maulana muhammadin wa’ala ‘alihi wa-ashahbihi ajma’in, la hawla wa la quwwata illa billahil ‘aliyyil ‘adzim ‘ama ba’du...

Hadrotal mukarom,
  • Dumateng Kyai Padepokan Jaka Tarub Kiyai Zaenal Arifin ingkang kaulo hormati,
  • Dumateng Sesepuh …. (… orang yang berpengaruh di lingkungan, ranting atau jamaah… ) ingkang kaulo hormati,
  • Dumateng Ketua …. (…. Ketua jamaah atau ranting …)  ingkang kaulo hormati,
  • Dumateng Wakil Ketua …… ( … wakil ketua jamaah atau ranting …) ingkang kaulo hormati,
  • (Dumateng poro tamu undangan …… jika ada),
  • Poro rencang Jamaah Istigosah Al Karomah ( … sebutkan nama jamaahnya …) ingkang kaulo hormati,
  • (Lan mboten kesupen dumateng sedoyo hadirin ingkang kaulo mulyaaken)

Puji syukur alhamdulillah dumateng ngarsanipun Allah swt, kranten berkat rohmat soho hidayahipun sehinggo kito saget magempal wonten ing meniko majlis inggih meniko wonten ing ..…..  kanthi keadaan sehat wal ‘afiat, mugi-mugi nikmat engkang kados mekaten dipun langgengaken dening Allah SWT. Allohumma aamiin …

Sholawat serto salam mugi-mugi tetep dipun aturaken dumateng junjungan kito nabi agung Muhammad SAW, kranten menikolah nabi utawi rosul engkang kito ajeng-ajeng syafaatipun, mugi-mugi kito sedoyo saget angsal syafaatipun saking Rasullulah SAW,  allohumma aamiin…

Poro rawuh ingkang kaulo hormati !
Keparing Matur bileh wonten ing mriki kaulo kajibah minangkani pranoto acoro awit gegayutan wekdal sak antawis dalu pramilo badhe kaulo waosaken reranci-ing adiacoro engkang badhe lumampah wonten ing wekdal dalu meniko…..
  1. Adiacoro engkang ongko setunggal inggih meniko pembikaan.
  2. (Dumawah adiacoro engkang ongko kaleh inggeh meniko waosan ayat suci al-quran)
  3. Dumawah adiacoro engkang ongko tigo inggih meniko atur pembagio utawi sambutan saking (………..ranting atau dari pembicara…)
  4. Dumawah adiacoro engkang ongko sekawan inggih meniko atur pembagio utawi sambutan saking (….. sohibul hajat)
  5. Adiacoro engkang ongko gangsal inggih meniko Istigosah
  6. Adiacoro engkang ongko enem inggih meniko Tausiyah utawi maudhoh khasanah
  7. Adiacoro engkang ongko pitu inggih meniko pamungkas ingkang badhe dipun isi kaliyan doa


#**********# 

       I.         Poro rawuh engkang kulo hormati menikolah reranci-ing adiacoro engkang badhe lumampah wonten ing wekdal meniko, pramilo monggo kito bikak acoro engkang ongko setunggal meniko kanthi wasilah surat al-fatihah mugi-mugi acoro engkang badhe kito lampahi mangke mboten wonten alangan setunggal punopo-punopo.
 ALFATIHAH……
*****
Dipun aturaken matur sembah nuwun……

    II.         (Adiacoro engkang ongko kaleh inggih meniko waosan ayat suci al-quran engkang badhe dipun waosaken dening sederek ……….. wekdal soho panggenan dipun sumangga-aken.)
*****
(Dipun aturaken matur sembah nuwun…..)

 III.          Dumawah adiacoro engkang ongko tigo inggih meniko atur pembagio utawi sambutan-sambutan saking (ketua ranting atau ketua jamaah … ), engkang badhe dipun isi dening (bapak/ibu….) wekdal soho panggenan dipun sumangga-aken ….
*****
Dipun aturaken matur sembah nuwun…….

 IV.            Dumawah adiacoro engkang ongko sekawan inggih meniko atur pembagio utawi sambutan-sambutan saking (Sohibul Bait…. ), engkang badhe dipun isi dening (bapak/ibu …..) wekdal soho panggenan dipun sumangga-aken….
*****
Dipun aturaken matur sembah nuwun…….
            
    V.            Dumawah adiacoro ingkang ongko gangsal inggih meniko Istigosah engkang badhe dipun isi dening (bapak/ibu ....) Wekdal soho panggenan dipun sumangga-aken…
*****
Dipun aturaken matur sembah nuwun…..

 VI.            Dumawah adiacoro ingkang ongko enem inggih meniko Tausiyah ingkang badhe dipun isi dening (Bapak/Ibu…….) wekdal soho panggenan dipun kaulo sumanggaaken….
*****
Dipun aturaken matur sembah nuwun…..

VII.        Dumawah adiacoro ingkang ongko pitu inggih meniko pamungkas utawi doa ingkang badhe dipun pimpin dening (Bapak/Ibu…….) wekdal soho panggenan dipun kaulo sumanggaaken….

Poro sederek ingkang minulyo…

Menikolah rerancining adiacoro ingkang sampun lumampah wonten ing wekdal puniko, kaulo atas nami pranoto acoro mbok bilih wonten kasar sarunipun rembuk soho kirang trepsilaning, kaulo nyuwun agungipun samudro pangapsami.

Wallahumuwafiq ila aqwamit thoriq

WASALAMUALAIKUM wr. wb

unduh disini